Para anggota Dewan Perwakilan Rakyat Daerah (DPRD) Kota Yogyakarta karo Sekretariat Dewan, isih kukuh arep plesiran kanthi ngadani outbound. Pancen bab iku wus dadi keputusan lan dirancang mateng lan antuk palilah saka Panitia Musyawarah. Nanging kanyata, ora kabeh para “dewaner” (anggota dewan) iku sarujuk.
Apa maneh, sakjroning tahun ini, DPRD Kota Yogyakarta wus ngadani acara outbound nganti kaping pindho, lan saiki arep nggelar acara kang kaping telune.
Para “dewaner” kang ora sarujuk nganggep yen outbound itu luwih akeh hura-hurane katimbang manfaate. Apa maneh, kekarepan outbound supaya para anggota dewan iku lebih becik moral lan mentale, kanyata durung kabukten.
Salah sijine anggota, Chang Wendryanto ngendika yen outbound iku mung ngabul-abul dhuwit lan ora ana tanjane. Mula ora perlu diterusake.
Pamanggihe Cang Wendryanto itu antuk panyengkuyung saka anggota liyane. Malah-malah, sing ora sarujuk uga ngendika yen para anggota dewan itu luwih becik sengkut ngrampungake pagaweyane yaiku bab APBD utawa Anggaran Pendapatan dan Belanja Daerah. Miturut para anggota iku, yen ditinggal outbound dipestheke yen rapunge APBD bakal molor.
Outbound kang dirancang iku migunaake dana saka APBD Kota 2008. Saben nganaake, anggaran kang kudu dibayar gedhene nganti meh 98.000.000 rupiyah.
Selasa, 09 Desember 2008
Garebeg Besar
Miturut petungan kalender hijriyyah, tanggal 10 Dzulhijjah tahun 1429, ngepasi tanggal 8 Desember 2008. Nanging, miturut kalender Jawa (Sultan Agungan), tanggal 10 Besar tahun 1941, ngepasi karo tanggal 9 Desember tahun 2008. Mula, upacara Garebeg Besar, Keraton Ngayogyakarta, uga dileksanaake ing dina Selasa 9 Desember 2008.
Gunungan kang sakdurunge dipapanake ana Kagungan Dalem Bangsal Sri Manganti iku diusung abdi dalem lan dikawal prajurit.
Ing sangarepe Pagelaran, para prajurit sing wus tata gelar, paring pakurmatan awit lampahe Gunungan, kanthi sikep pakurmatan lan drel utawa salvo kaping telu.
Dene Gunungan kang dikawal Bregodo Bugis lan Surakarsa terus lumampah mangalor, menggok ngulon ing sakidule ringin sengkeran, nuju Masjid Gedhe. Sak wuse didongaake, Gunungan terus kanggo rayahan. Miturut kandhane para kadang, iku amberkahi.

Senin, 08 Desember 2008
Honor Telung Sasi Pisan Diwenehake, Dipotong 40 Persen
Nasib Guru
Iki panandhange Guru Tidak Tetap utawa GTT sing ana slagorde utawa jajaran Departemen Agama, mligine kang tugas ing Gunungkidul. Honorarium utawa kekucahe para guru itu, disuthet dening Kantor Departemen Agama Kabupaten Gunungkidul kang akehe nganti 400.000 ewu rupiyah, utawa nyandhak 40 persen saka kang kudune ditampa.
Para guru itu, ngandharake lara atine liwat sms – serat migunaaken seluler – kang mligi digunaake kanggo nampa masukan saka masyarakat duweke Kantor Informasi dan Komunikasi Pemerintah Kabupaten Gunungkidul.
Para guru iku ngendika yen kekucah awujud dhuwit kang gedhene 1.200.000 rupiyah, mung ditampakake 800.000 rupiyah utawa digraji dening staf Kantor Departemen Agama Kabupaten Gunungkidul gedhene 400.000 rupiyah.
Para guru itu, saben telung wulan sepisan nampa kekucah kasebut kanthi petungan 400.000 rupiyah saben sasi.
Pengawas Sekolah Dasar/Madrasah Ibtidaiyah Kantor Departemen Agama Kabupaten Gunungkidul Untung Santosa ngendika yen dheweke durung mangerti anane suthetan kasebut. Untung malah ngendika yen dhuwit iku saka anggaran Departemen Agama, utawa saka pusat. Nanging Untung ora ngendika, apa kira-kira sunatan itu uga saka kawicaksanane pusat apa mung kekarepane wong-wong Kantor Departemen Agama Gunungkidul dhewe.

Kalender Jawa
Para sutresno, kalender utawa penanggalan, anduweni peran sing penting ing sajroning pasrawungan jembar. Suku utawa bangsa Jawa, uga duwe kalender dhewe, sing sinebut Kalender Jawa, asring uga disebut Kalender Sultan Agungan.
Kalender Jawa iki, migunaake petung rembulan utawa candra. Petungan ini padha karo kang digunaake kalender hijriyyah. Ananging beda karo kalender masehi kang migunaake petungan srengenge utawa surya.
Ing antarane Kalender Jawa lan Kalender Hijriyyah sajatine tetep ana bedane. Kalender Hijriyyah migunaake prastawa Hijrah kang dileksanaake Kangjeng Nabi Muhammad SAW kanggo pathokan wiwitan.
Kalender Jawa, ing setahun umure 354 3/8 dina, dene Kalender Hijriyyah umure 354 11/30 dina. Utawa, saben wolung tahun, Kalender Jawa ana telung tahun kabisat, dene Kalnder Hijriyyah saben 30 tahun ana 11 tahun kabisat. Tahun Kabisat iku umure 355 dina.
Tahun Kabisat ing Kalender Jawa itu tiba ing tahun Ehe, Je lan Jimakir. Ing Tahun Kabisat iku, umure sasi Besar 30 dina. Nanging ing tahun ora kabisat, umure 29 dina.

Cacing Hati
Cacing Hati
Para kadang, ing dina Riyaya Idul Adha 1429 Hijrah ini, ing Sleman ditemokake anane kewan kurban kang ngandhut cacing hati.
Lelara cacing hati utawa cacing ati, iku pancen angel dingerteni yen mung andulu blegere kewan. Mula kanggo mangerteni perlu anane panaliten ing laboratorium. Kaya kang ditindakake dening Tim Pengawas Ternak Kurban Sleman. Saka sapi cacah sanga ana telu sing positif nggawa lelara cacing hati.
Ananging ing panaliten, ora ditemokake anane anthrax lan sapiturute.

Saben-saben Kadang Tani Kekurangan Pupuk
Daerah Istimewa Yogyakarta Kekurangan Pupuk Nganti 14.000 Ton
Saka kebutuhanne pupuk Urea kang akehe nganti 84.000 ton kanggo nyukupi kebutuhanne para tani ing Daerah Istimewa Yogyakarta, nganti weku saiki isih ana kekurangan nganti 14.000 ton.
Bab iku bisa kadadeyan amarga, tata cara pambagine utawa distribusine pupuk bersubsidi kang ora bener.
Miturut Nanang Suwandi, ing wulan November – Desember ini lagi ana owah-owahan tata cara pambagi saka sistem terbuka diganti nganggo sistem tertutup.

Rabu, 03 Desember 2008
Sugeng Pinanggih
Para kadang caket jiniwit katut, nyuwun pangestu awit aku hamiwiti ing jagading blogger wektu saiku.
Ing pangajap, apa kang dadi sedyaku, kekarepanku, paseksenku bisa kaaturake ing ngarsa panjenengan kabeh. Ora liya, amung arep nambah sasrawungan, paseduluran dan njembarake rasa tresna marang sapadaning urip.
Nuwun.
Ki Sambung Jati

Langganan:
Postingan (Atom)